WATAKING MANUSA MITURUT DINA LAN PASARAN KALAIRANE
Iki pratelaning watak kalairaning wong, kang kagawa saka ing daya kumpuling dina lan pasaran, kang pada mudoni marang wewatakan mau, awit kumpuling dina lan pasaran mau uga andayani dadi be`budening wong, kaya ing ngisor iki pratelane :
Dina & Pasaran | Wataking |
Ahad Kliwon | Bener kenceng sabarang pikirane, iku kena ginawe tuwa, amung yen kadinginan pikir iku banjur ewa atine. |
Senen Legi | Yen lanang busuk rada kurang pikir; Yen wadon sedengan barang pikir, lumrah ing sanak . |
Rebo Pon | Lanang Wadona isinan, bisa ngingoni wong pada siji, pikir suci pareng marang gawe. |
Kemis Wage | Yen meneng pracaya; Yen receh pratitis, prayitna marang pakewuh, lan bisa umbak ala becik |
Jum’at Kliwon | Yen lanang ora pati micara, mung sedengan bae, yen wadon lanas wani marang wong lanang. |
Sabtu Legi | Cukeng sugihan pinter ngupaca melik, balaba rekane bae, nginguwa jaran, bisa wasis lan sugih |
Ahad Paing | Wegig pikire prayitna ing weweka, nanging diri piyangkuhe kaya mutera jagat. |
Senen Pon | Manis wicarane, bisa ngenaki pikir sesama-samaning wong, lan bisa golek rejeki. |
Selasa Wage | Lumuh ing wuruk lan lumuh ing becik, tur nora micara, lamun wadon prayoga bisa simpen arta |
Rebo Kliwon | Wegig amicara pikire, nanging calimut marang wong wadon, yen wis mari rusuh bisa anggayuh wataking pandita |
Kemis Legi | Ber pikir lumuh kaunggulan, yen wadon candala, marang wong lanang wani padu. |
Jum’at Paing | Meneng yen busuk babar pisan, nanging maju ing gawe, yen pinter dadi panutane wong akeh, tur dadi pujangga |
Sabtu Pon | Kriya gawene, wegige yen awan, yen wadon bisa golek melik mbalubut. |
Ahad Wage | Gede kekarepane, yen duwe pikir ora kena den palangi, yen wadon iku ala |
Senen Kliwon | Meneng pikire, yen misih anom bodo sadela, bareng tuwa alus pikire. |
Selasa Legi | Kurang wicarane, yen juweh wegig, barang pikir apik, yen ngutuh wekasane ala |
Rebo Paing | Munggah umpakan, para diri lumuh kaungkulan temene cecegan pikir banter |
Kemis Pon | Anteng pikir piyangkuh besus sabarang nora katara piyangkuhe, tegese gemi |
Jum’at Wage | Bisa amicara juweh receh pratitis watak pandita, ceta nanging cengkiling, lilan nanging kerep kesandung |
Sabtu Kliwon | Bodo ngaku pinter, kurang wegig lalen, nanging temen maju ing gawe. |
Ahad Legi | Lalen kurang wegig pi8kirane, yen pinter luwih sepadaning wong, nanging karem madon kang pada laku ala panggawe ngiwa. |
Senen paing | Murka marang pagaweyan samubarang pikir sedengan, yen wadon luwih prayoga |
Selasa Pon | Kurang pikir lumuh ing prakara, yen wadon becik prayoga dadi selir priyayi. |
Rebo Wage | Sedengan barang pikir maju ing gawe, yen wadon cendala marang wong lanang |
Kemis Kliwon | Kurang pikir nanging petel marang gawe, yen wadon sedengan pikirane. |
Jum’at Legi | Ila-ilu ora duwe pikir dewe, yen kalah gela jroning pikir, luwih susah atine. |
Sabtu Paing | Lanang wadona bisa golek melik, bisa simpen, wicara alus lan aga. |
Ahad Pon | Kurang pikir pracaya lilan, yen wadon prayoga, bisa simpen kayane, wong lanang. |
Senen Wage | Kurang pikir, bregundung kaki pikire, yen wadon becik yen lanang wani lampus utawa wani nanggulang pakewuh. |
Selasa Kliwon | Yen busuk babar pisan, yen pinter dadi pujangga, Sejatine ngulama. |
Rebo Legi | Lumrah prasaja, njaluk gelem dijaluki aweh, yen wadon prayoga barang pikire. |
Kemis Paing | Temen anteng tani pikir maju ing gawe demen dadi priyayi celak marang wong agung sedengan sabarange. |
Jum’at Pon | Wegig sajroning pikir, yen nora kaduga malengos, ewa atine kang ala. |
Sabtu Wage | Lalen nanging nggraita pikir, jroning ati kaku lengus sadela nuli mari. |
No comments:
Post a Comment