Pituturipun Paku Buwana IX lan Paku Buwana X dhumateng para putri Dalem, ingkang kababar ing serat Wasita Dyah Utama. Ing ngriku wonten andharan menggah werdinipun Begja tumraping tiyang ngagesang, mliginipun gesang ing salebetipun bebrayan agung.
Manut ingkang sinerat, tiyang ingkang kalebet kadunungan begja menika tiyang ingkang saged nggayuh kawan prekawis, inggih menika “gunawan”, “wiryawan”, “kartawan”, lan “berawan”.
1. Gunawan
Tegesipun inggih menika tiyang ingkang nggadhahi samukawisipun kawruh ingkang migunani
minangka gegaran kangge srana tumindak becik ing salebetipun sesrawungan ing bebrayan agung.
Gunawan menika boten ngemungaken nggadhahikawruh agal, nanging ugi alus. Boten ngemungaken
olah nalar, nanging ugi olah rasa.
2. Wiryawan
Tegesipun tiyang ingkang nyandhang drajad pangkat luhuring asma awit saking beciking pakarti lan
sucining budi saengga migunani tumraping bebrayan. Wiryawan menika boten ngemungaken
nggadhahi kalenggahan ingkang inggil ingpamarentahan lan gelar ingkang inggil saking pawiyatan.
3. Kartawan
Tegesipun inggih menika tiyang ingkang kadunungan bandha donya ingkang boten namung kangge
mulyanipun pribadi, nanging kepara kangge mulyaning bebrayanagung. Kartawan menika boten
ngemungaken sugih-brewu. Kartawan menika kawiwitan saking sugih bandha lan lajeng anjalari sugih
bandhu utawi sanak-kadang lan mitra.
4. Berawan
Tegesipun inggih menika sugih momongan utawi anak. Boten ngemungaken nggadhahi putra
ingkang kathah, nanging ugi tansah nanem tresna asih dhateng sinten kemawon ing salebetipun
bebrayan agung. Tansah saged nglenggahi jejeripun pamomong ingkang kedah ngemong,
nggulawenthah, nyembadani, lan anjurungi dhateng pikajenganipun akathah ingkang tumuju dhateng
kasaenan kanthi tanpa pamrih kejawi namung nggadhang rahayuning bebrayan.