Miyak Misteri Sekar Macapat(dening: Ki Damin Gondo Purnomo)
Ing saperangan bebrayan, ana kapitayan yenaning manungsa, wiwit lair tumekaning pati. Sekar Macapat iku pralampita utawa perlambangan. Kang kagungan pamanggih kaya mangkono iku ing antarane Bp. Hadi Sudarsono, Kabid. Kesenian Kanwil Jawa Tengah, ing rikala penataran Sekar Macapat para kadang dwija sa Jawa Tengah taun 1974, ing Salatiga.
Manungsa asale ora ana, dadi ana, bali ora ana. Banjur tuwuh pitakon, asale manungsa, gunane manungsa, parane manungsa, manungsa dicipta dening Gusti Kang Murbeng Dumadi lantaran yayah rena. Sadurunge dilairake ing donya, rohe wis prajanji sarta anekseni marang Dzat Kang Kawasa. Bareng wis titi wancine leking jabang bayi, nawa dasa piyak gumbala giri, nawa tegese sanga, dasa sepuluh, lire sangangsasi punjul sepuluh dina, jabang bayi dilairake metu saka kandhutane ibu. Metu utawa lair iku dasa namane mijil, mula banjur ditengeri Sekar Mijil.
Anak kuwi nduweni kalungguhan kang mirunggan tumrap rama-ibu. Kajaba nyambung sejarah, anak uga “asset masa depan”. Putra diajab bias ngluhurake asmane wong tuwa, kanthi sembada mikul dhuwur, mendhem jero. Lan samangsa rama-ibu wis seda ing tembene putra kang piguna, putra kang soleh, bisa kintun donga. Awit manut tuntunane agama, kajaba amal jariyah, ilmu kang piguna, putra kang soleh, uga tansah lumintir ganjarane tumrap wong tuwa sakloron. Anak pepindhane “wingka katon kencana”. Sanadyan cacad ala dikaya ngapa, ora lila yen diwada. Mula saking tresnane wong tuwa marang anak, disanepakake kadidene “Mas kang kumambang jroning kalbu. “Di lambangake Sekar Mas Kumambang”.
Anak iku, “yen becik dadi marta, yen ala dadi wisa”. Ing babagan panggulawenthah putra, peranan wong tuwa banget wigati. Dadi wong tuwa aja mung menehi aba, nanging tuladha. Wulangan agama aja nganti dilirwakake. Ana unen-unen, mumpung anom marsudiya kawruh kang utama. Yen dadi sarjana, dadiya sarjana kang sujaneng budi. Aja kosok balen, dadi sarjana kang nistha dhama. Ya iki kang jeneng anak ala dadi wisa. Ing wanci remaja utawa anom tumaruna kaya ngene iki dilambangake Sekar Sinom.
Wis dadi kodrating ngaurip, saben wong kadunungan rasa sengsem marang keaendahan. Luwih-luwih isih mudha tumaruna. Kasemsem marang samubarang reh, ora kaya rasa sengsem kalayan “lawan jenis”. Lara-laraning lara, ora kaya lara wuyung. Bebasan mangan ora enak, turu ora kepenak, lungguh ora jenak. Kongsi mabuk kepayang karendhem ing asmara turindha. Kang kumanthil pardoning netra, hamung citraning sang kapadaning sih. Rasa sengsem kang mbangeti kaya mangkene iki, dilambangake Sekar Asmaradana.
Sabanjure madik-madik mrana-mrene, yen wis pinanggih panujuning ati, nuli ditakokake (tambuh), asmane sapa, putrane sapa, lenggah ing desa utawa kutha endi. Dene yen taw is padha mathuk kang sarta rujuk, ateges wis jumbuh rasane, wong tuwa loro-lorone kari nayogyani lan mangestoni. Iki minangka pralampita Sekar Gambuh.
Reh dene wis padha condhong lan rumojong rasane, kari golek wanci kang prayoga,. Kaya kang wus sinawung ing kidung, gegarane wong akrami dudu bandha dudu rupa, hamung ati pawitane. Mungguh katresnan iku ana telung prakara, yaiku :
- . Tresna wiryana, yaiku tresna adhedhasar drajad, semad, donya lan bandha. Iki tan prayoga, awit ora bakal langgeng.
- . Tresna Sucitra, yaiku katresnan kang dilambari rupa bagus utawa sulistya. Iki uga kurang becik kedadeyane. Awit samangsa wis kaduk yuswa, rupa bagus, ayu, bias luntur.
- . Tresna Utama, yaiku tresna sejati, awit saka mrentuling ati lorot dadi sawiji, linambaran tekad suci, nindakake pranatan agamai. Ya katresnan iki awoh kamulyan.
Datan rinonce solahe kang hambiwadha dhauping pinanganten, sawise ijab Kabul, temanten sarimbit nulya kekanthen asta, binoyong munggwing bale rinengga. Kekanthen asta, dilambangake Sekar Kinanthi.
Mulyaning urip iku ora kaya temanten anyar (dudu kamulyan kang hakiki). Samubarang reh, anane mung enak lan kepenak. Sadina-dina mung tansah andom katresnan, bebasan kadi solahe kombang kang tansah hangisep madu sarining puspita. Kongsi kekitrang esmu girang, nganti lali angon iriban, hamung hambujung “nikmat sesaat”. Swasana kang mangkene iki dilambangake Sekar Dhandhangula.
Sajroning mecaki dalane urip lan panguripan kang gawat sarta rumpil iku, bakal manggih slamet raharja, waton kukuh bakuh gondhelan paugeraning urip, yaiku tansah eling lan waspada, gunaning urip, mung mligi ngibadah karo kang gawe urip, kang hanitahake sagung dumadi. Awit ana tembung a,I,u, lire aku iki urip, ateges ananing urip, mesthi ana kang nguripi. Mula mobak, mosik, muna muni, laga lagu lan lageyan, mung mligi karana Kang Akarya Jagad sawegung. Hananging syetan lan napsu kang tansah ngajab rusak ajak-ajak, tansah hambudi daya rusaking katentremane kulawarga. Kang dadi tuking (sumber) pradondi, biasane prakara kang sepele, nanging bias dadi tukar padu, utawa padha udur rebut bener, Swasana kang kaya mangkene dilambangake Sekar Durma.
Sejatining beda-bedane penemu sajroning kulawarga kuwi lumrah. Sing ora lumrah iku, yen ana prakara, ibarat geni lagi saplenik, dadi mubal mangalad-alad, iki sing ora lumrah, awit kliru anggone ngrampungake. Lha yen nafsune padha-padha wis ora bida dikendhaleni, tan wurunga banjur padha ungkur-ungkuran rasa. Adadine ngrujak sentul, sing siji ngalor, sing siji ngidul, ateges wis singkur-singkuran. Ing kahanan kaya ngene iki dilambangake Sekar Pangkur.
Wong urip kuwi yen wis titiwancine, bakal menyang endi parane, tan wurunga bakal diundhuh sing kagungan yaiku mesthi bakal bali sowan mring pangayunaning Gusti Kang Murbeng Dumadi. Ya kudu hambudi daya, sabisa-bisa aja kongsi mati nistha, nanging mati kang utama, utawa mati sampurna, kanthi sarana “ndherek prentah, ngedhohi cegah. “Pegating nyawa kalawan raga, ateges wis palastra (seda), dilambangake Sekar Megatruh.
Sawise tinggal donya, layone dipocong (dilambangake Sekar Pocung) dilurupi nganggo mori. Mori ditegesi, limang wektu aja keri. Ing dhadhane mayit ditumpangi gaman, werdine wong yen mati jebul sing digawa iman. Ing sacedhake sirah disumeti dilah, nduwe werdi wediya karo Gusti Allah. Wetenge ditumpangi beras, isi pemut, koberna ngibadah mumpung isih waras. Sabanjure sajerone luwangan dipasangi gelu, tegese sawise seda, wis tugel (putus) amalane, kajaba telu, lire telung prakara yaiku, amal jariyah, ilmu kang piguna (manfaat) lan anak kang soleh.
Kaya mangkana babaare pralampita ananing manungsa (Sekar Mijil) nganti tumeka ning pati (Sekar Megatruh), kang pungkasan dipocong (Sekar Pocung). Titi purna samendhang dhatan karempit, anggone penulis kepengin miyak warana wewadine Sekar Macapat, kang sanyata maksih peteng tur adoh nyamud-nyamud. Mula mankono awit panulise andharan iki muhung adhedhasar tutur tinular, sarta tutur pinajarake. Mandar bias uga mung adhapur “othak-othik mathuk”, pangothak-athike wong kang seserapan bab Sekar Macapat, bebasan isih “Jero tapak meri.” Pramila dhumateng para lebda, para winasis, penulis keparenga nyuwun kalidamar, nun. Nuwun.