Latest News

Tuesday, 15 October 2013

PAUGERAN KAWITANING DINA LAN PASARAN

PAUGERAN KAWITANING DINA LAN PASARAN KANG DADI ASAL USULE
NEPTUNING DINA LAN PASARAN

1.       Wasesa-sagara
Budi kang winengangake anggayuh kaluhuraning ngaurip ana ing alam donya iki.

2.       Tunggak-semi
Pakartining budi nuwuhake budaya, babaring budaya kang bisa dadi jalaran nembadani gegayuhaning ngaurip ana ing alam donya iki.

3.       Satriya-wibawa
Kasembadaning gegayuhaning ngaurip ana ing alam donya iki

4.       Satriya-wirang
Ngaurip tansah enggone marsudi marang kautaman, supaya sajroning uripe ora nganti tumiba ing nista kang anjalari nandang-wirang.

5.       Bumi-kapetak
Wekasaning ngaurip ana ing alam donya iki

6.       Lebu-katiyuh-angin
Wekasaning ngaurip kang tanpa tilas


I.              Petung Panca-Suda Asli


Babaring pengawikan kang tuwuh saka purba wasesaning  budi, sayekti tilar tilas.
Katrangake kaya ing ngisor iki:

·         0+1


0= Sabtu: wekasaning dina, jumeneng wasesa, tegese: mekasi, wekasaning pinter saka bodo, iya iku uga pakartining budi.
1= Legi: kawitaning pasaran, jumeneng purba, tegese:wiwiti, kawitaning pinter saka bodo, iya iku uga pakartining budi.
0+1=           -  Sabtu Legi: wekasaning wuku (Watugunung:nuju tumuruning  Sri Gati)
                    - Sabtu Legi: wekasaing dina (wasesa) lan  kawitaning  pasaran (purba), kumpule dipralambangi : Wasesa-segara, tegese : purba wasesaning budi, iya iku kawitaning ngaurip, wiwit lair saka guwa-garbaning ibu, uwis kasinungan budi, kang maune bodo banjur dadi pinter, iya budi iku kang winenangake anggayuh kaluhuraning ngaurip ana ing alam donya iki.

·         1 + 1
      
Antarane : 0 + 1 karo 1 + 2, iya iku antarane : Wasesa-segara karo Satriya-wibawa, utawa antarane : Purba wasesaning budi karo Satriya kawasa mardika, tengah-tengahe dipralambangi : Tunggak-semi, tegese wit urip nuwuhake urip, iya iku pakartining budi nuwuhake budaya, iya  saka babaraning budaya iku kang bisa dadi jalaran nembadani gegayuhaning ngaurip ana ing alam donya iki.

·         1 + 2
1 = Ahad: kawitaning dina, uga kawitaning wuku, jumeneng purba, tegese miwiti.
2 = Paing :  kawitaning wuku (Sinta), jumeneng kawasa, tegese : wenang.
1 + 2 = Ahad Paing ; kawitaning wuku Sinta, jumeneng kang kawasa.
1 + 2 = Kawitaning dina (Purba) lan kawitaning wuku Sinta (kawasa), kumpule dadi : kang kawoso, dipralambangi : Satriya-wibawa, tegese : Satriya kawasa mardika, iya iku kasembadaning gegayuhaning Satriya utawa ngaurip ana ing alam donya iki.
                                               
·         2 + 2  
Antarane : 0 + 1 karo 1 + 2, iya iku antarane : Satriya-wibawa karo Bumi-kapetak, utawa antarane: Satriya kawasa mardika karo Wekasaning ngaurip anemahi pati, iya iku antarane: kawasa karo apes, tengah-tengahe dipralambangi : Satriya-wirang, tegese: Satriya nandang wirang, wiranging Satriya yen kongsi tumindak nista, mungguh ing atase Satriya, pilih anemahi pati tinimbang  karo urip  anandang wirang, ewadene sanadya pilih anemahi pati, patining Satriya tetep ngrungkebi utama, mulane para Satriya utawa ngaurip kang wis luhur derajating kamanungsane, pada tansah enggone marsudi marang kautaman, supaya  sajroning urip ora nganti tumiba ing nista kang anjalari nandang wirang, nganti tumeka wekasaning urip anemahi pati, tetep mantep enggone ngrungkebi kautaman.

·         2 + 3
2= Senen
3= Pon               Senin Pon

Senen Pon Aryang Sinta, iku dina nuju Sampar wangke utawa Ringkel – jalma, tegese : apesing manunsa, dipralambangai : Bumi-kapeteak, tegese : bumi kapendem, iya iku nasiring manusa kang asal saka bumi, dumadi badan wadag, yen wis tumeka wewangene, badan wadag iku kapetak ing bumi iya iku wekasaning ngaurip ana ing alam donya iki. Ananging mungguh  ing jiwane, kapriye? Iya awit saka anane patakaonan kang mangkono iku, kang banjur nuwuhake panggraitaning ngaurip sumedya ambabarake pangawikan.

·         3 + 3
Antarane : 2 + 3 karo 3 + 4, iya iku antarane : Bumi-kapetak karo Laire Panca-Suda Asli, utawa antarane : Wekasaning ngaurip anemahi pati karo Babaring pangawikan kang tuwuh saka purba wasesaning budi, iya iku antarane: tanpa-tilas karo tilar-tilas, tengah-tengahe dipralambangi : Lebu-katiyub-angin, tegese: tilasing  ngaurip mung kaya bledug katut ing anging, tansah ngregedi papan kang suci. Sarehne ana pralambang kang surasane kaya mangkono, mulane para Sujana lan Sarjana utawa ngaurip kang wis luhur-derajating kamanunsane, pada tansah enggone marsudi marang pengawikan lan kautaman, supaya  ngaurip tumekaning pati anaa tilase becik, netepi bebasan : patining sima atinggal carma, balik patining janma atilar asma, iya iku janma utama.

·         3 + 4
3= Selasa
4= Wage            Selasa Wage
Selasa Wage : kawitaning petung Panca-Suda Asli, iya iku babaring pengawikan kang tuwuh  saka purba wasesaning budi, kang dadi mula-bukane ana petung Neptuning dina lan pasaran, kang banjur kanggo patokan metung petungane petung-petung sakalir, kang kelumrah tumindak ana ing nusa Jawa.

Dene Tembung “Neptu” iku asale saka tembung Arab, “Naptu” tegese: Cecek”, minangka tetengering  wilangan. Dek ing kunane, tetengering wilangan iu arupa cecek, upamane dina Selasa, iku yen kawilang saka dina kawitan, iya iku Ahad : 1, Senen:2, Selasa:3, tinemuning wilangan dina Selasa iku tiba dina kang kaping 3, tengere cecek telu (:.): dene  pasaran Wage, iku yen kawilang saka pasaran kawitan, iya iku:
-          Legi            :1
-          Paing:         :2
-          Pon             :3
-       Wage           :4 tinemuning pasaran wage  iku tiba pasaran kang kaping 4, tengere cecek papat ( :: ): dadi dina Selasa Wage tengere cecek utawa neptu :. / ::
  
Ana dene Neptuning dina lan pasaran, neptuning, neptuning dina wiwit neptu 4 nganti tumeka 9, lan neptuning pasaran wiwit neptu 5 nganti tumeka neptu 9, iku  tatanane ora katurutake saka kawitaning dina (Ahad) lan kawitaning pasaran (Legi), ananging muhung miturut purba wasesaning budine Sarjana kang nganggit petung Panca-Suda Asli, awewaton pangawikan 3 prakara, iya iku :

1. Dina pitu            7              7 x 5=35               
2. Pasaran lima     5               =6, 6, 6, 6, 6, 6, 5.
3. Petung nem       6                              

kabage dadi 2 angkatan wilangan bali kawitan :

wilangan 1             1 :  Wasesa-segara              1 + 5 =6
wilangan 2             2 : Tunggak-semi                  2 + 4 =6
wilangan 3             3 : Satriya-wibawa                2 + 3 =5
wilangan 4             4 : Satriya-wirang                  3 + 3 =6
wilangan 5             5 : Bumi-kapetak                   4 + 2 =6
wilangan 6             6 : Lebu-katiyub-angin          5 + 1 =6

katurutake dadi 12  wilangan, 7 tumeka 18:

wilangan 7             13 : Wasesa-segara
wilangan 8             14 : Tunggak-semi
wilangan 9             15 : Satriya-wibawa
wilangan 10           16 : Satriya-wirang
wilangan 11           17 : Bumi-kapetak
wilangan 12           18 : Lebu-katiyub-angin

Awit saka pamoring pangawikan 3 prakara iku, banjur dumadi petung Panca-Suda Asli, kang uga nglairake etung Neptuning dina lan pasaran kaya ing ngisor iki

:.   Selasa                               ::  Wage
::   Senin                               ::. Legi
::.  Ahad

Iya iku mula-bukane ana petung Neptuning dina lan pasaran, kang banjur kanggo metung petungane petung-petung sakalir, kang kelumrah ana ing nusa Jawa.


Tinemu wewadine, saka pamarsudine

R. TANOJO


Surakarta, 15 Juli 1948

No comments:

Post a Comment

Tags

Recent Post