Latest News

Showing posts with label Tuladha Pranata Adicara ing Pahargyan Lamaran. Show all posts
Showing posts with label Tuladha Pranata Adicara ing Pahargyan Lamaran. Show all posts

Friday, 12 September 2014

Tuladha Aturipun Pranata Adicara ndungkap Paripurnaning Gati



Handungkap titi mangsa kala paripurnaning sedya, karana urut reroncening tata adicara sampun kaleksanakaken dening para kulawarga. Para tamu kakung putri ingkang satuhu bagya mulya, saderengipun purnaning gati apanjenenganipun Bp. ....... sekalihan (mengku gati) raos syukur wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung kaleksananing sedya kanthi pinaringan wilujeng nir ing sambekala, mboten kekilapan ngaturaken panuwun dhumateng para duta saraya sumrambah para tamu samudayanipun, ingkang punika Bp. ..... sekalian (mengku gati) tansah hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, hambok bilih anggenipun nampi karawuhan panjenengan wonten kiranging tangguh, gupuh miwah suguh saha anggenipun ngaturi palenggahan panjenengan sadaya kirang hanuju prana kalihan andhap inggiling kalenggahan panjenengan sadaya, kagerba kiranging boja miwah krama, mugi diagung pangaksama panjenengan.

Kula minangka pambiwara, ugi hanglenggana karana kiranging seserepan hanjalari kuthunging pamanggih miwah kirang pana dhumateng wewarah wewangsoning para winasis ing reh basa tuwin sastra, ingkang punika hambok bilih wonten kalepatan kula, muga para tamu sadaya ngluberna pangaksama ingkang agung, calon temanten kekalih badhe kajengkaraken panjenenganipun Ibu ......... miwah Ibu ......... tumuju wiwara ngajeng pratandha yekti purnaning gati. Hamung semanten pahargyan lamaran ingkang kaleksanakaken para kulawarga, sesantinipun Bp. ...... sekalian (mengku gati) mugi tansah rahayu, rahayu ingkang sarwi tinemu, konduripun ndherekaken suging.

Wabillahi taufik wal hidayah, Wassalamu’alaiku Wr. Wb. Katerangan: Saderengipun paripuna mbok bilih wonten atur pamitan saking duta saraya, atur tanggapan saking ingkang mengku gati menawi saged kaaturaken dening Pranata Adicara (kangge ngringkes wekdal).  

Tuladha Aturipun Pranata Adicara wontening Salebetipun Swasana Mirunggan



Para lenggah kakung putri ingkang pantes sinudarsana, laksitaning tata adicara ingkang sampun rinakit dening kulawarga kados sampun kaleksanakaken kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala. Namung panyuwunipun Bp. ....... (ingkang mengku gati) panjenenganipun para lenggah kakung putri kasuwun lelenggahan kanthi mirunggan dumugi paripurnaning gati, kula aturaken ing mriki mbok bilih pratandha paripurnaning gati ing kalenggahan punika menawi calon temanten kekalih miwah rama ibu (ingkang mengku gati) sampun kawistara jumeneng wonten sangajengipun wiwara, ingkang punika kasuwun tansah nyebar godhong kawis, sabar ingkang sawatawis, nuwun matur nuwun.

Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Tanggap Wacana (menawi wonten)



Kanthi lulus raharjo liru kalpika ingkang katindakaken calon temanten kakung miwah panganten putri, inggih awit saking keparengipun Bp............ sekalian (mengku gati) mrih calon temanten tansah manteb anggenya badhe netepi palakrama mboten nalisir saking prajanji ingkang sampun wonten paugeran ingkang antawisipun calon temanten kakung miwah calon temanten putri, saha tansah asah,asih, asuh, mboten kengguh ing panggodha. Ingkang punika badhe wonten tanggap wacana saking pinisepuh ngiras pantes paring piweling dhumateng calon penganten kekalih tumuju kasaenan. Wondene ingkang kepareng atur tanggap wacana nun inggih Bp. ............ wekdal kasumanggakaken, sumangga nun.

Tuladha Aturipun Pranata Adicara Salebetipun Liru Kalpika



Para lenggah kakung putri, kaleksanan liru kalpika, pangandikanipun para pinisepuh, liru kalpika saged katindakaken saderengipun calon penganten kaijabaken utawi kapanggihaken, wondene menawi sampun kaijabaken saged winastan imbal kalpika, tali minangka pratandha miwah tetenger bilih sampun wonten ingkang nggadhahi

Tuladha Aturipun Pranata Adicara Badhe Kaleksanakaken Liru Kalpika ( menawi wonten)



Para lenggah kakung putri ingkang sinuba ing pakurmatan jumbuh kalian pamintanipun saking calon kadang besan, ing mriki keparengipun Bp. ........ ingkang mengku gati kaleksanakaken wontenipun liru kalpika dening para kulawarga ingkang piniji mratitisaken. Wondene para kulawarga ingkang piniji nun inggih panjenenganipun Ibu. ....... ingkang hanganthi calon penganten putri panjenenganipun Ibu ....... dalasan Ibu ........., calon temanten kakung ugi kakanthi panjenenganipun Bp. ........... dalah Bp. ......... Kados samudayanipun sampun samekta dhumateng para kulawangsa ingkang piniji wekdal kasumanggakaken.

Wahyaning mangsa kala tumapaking liru kalpika katindakaken dening calon penganten, sinubagya ungeling Ketawang Wigaringyas/Langgam Ali-ali laras Sl. Panthet Manyura.

Tuladha Aturipun Pranata Adicara Sasampunipun Panampi Pasrah Lamaran



Kanthi terwaca cetha atur panampi saking panjenenganipun Bp. ......... minangka sulih saliranipun ingkang hamengku gati, ingkang salajengipun dipun wonteni paniti priksa sarana ingkang kapasrahaken saha kaleksanakaken paragan saking duta saraya (ingkang pasrah) dhumateng panampi pasrah, ujuding arta miwah jene salajengipun kaaturaken dhumateng ingkang mengku gati, kaleksananing sedya kasumanggakaken.

Tuladha Aturipun Pranata Adicara saksampunipun Pasrah Lamaran Ngancik Panampi



Makaten para lenggah kakung saha putri atur pasrahipun Bp. ............. pinangka duta saraya ing kalenggahan punika, kanthi prastawa acetha wijang wijilih pangandikan, ingkang salajengipun minangka sulih salira Bp. .......... sekalian (mengku gati). Wekdal kasumanggakaken, sumangga nun.

Tags

Recent Post